SERAT KODRAT

SERAT KODRAT.-
Sing dadi tengering zaman édan :

Wadoné pamèr aurat,
Lanangé ngumbar syahwat
Sing laris jamu kuwat.

Wong gedhé seneng maksiat,
Wong cilik padha nékad.
Kiyai mlintir ayat
Belani wong murtad.



Wondéné padha  ora tobat,
Wegah tirakat, malah nglakoni maksiat.
Milih pemimpin sing murtad
Ngawulo maring pejabat
Amrih keduman pangkat.

Rina wengi krungu sesambat,
Akèh wong mlarat, ora kuat ngingoni brayat
Kanca mburi ora kerumat
Sing ora kuat terus ngendhat.
Pejabaté padha khianat.

Ketiga kaliné asat,
Yèn rendheng ngluwihi jagad,
Lindhu keliwat liwat,
Samodra munggah dharat.

Mula manungsa bakal slamet tekan kiamat,
Yèn jagad dirawat lan  dirumat.
Manembaha marang Gusti kang Makarya jagad.
Qul hullahu ahad.

Makarya sing amanat,
Niat lan giat
Amrih bisa andum zakat
Aja mung nyadhong berkat.

Dhedhaharan sing khasiat
Amrih tansah séhat walafiat,
Aja sokdemen ngumbar ilat.

Mangga dipun semak kanthi khidmat
Sinambi ngunjuk serbat,
Amrih gesang mboten keraos awrat
Mugi slamet donya lan akhirat..

PITUTUR SIMBAHKU :
Ora kabèh wong pinter kuwi bener…
Ora kabèh wong bener kuwi pinter…

Akèh wong pinter ning ora bener…
Lan akèh wong bener senajan ora pinter…

Nanging tinimbang dadi wong pinter tapi ora bener…
Luwih becik dadi wong bener senajan ora pinter…

Minterna wong bener..kuwi luwih gampang tinimbang beneraké wong pinter…
Beneraké wong pinter..kuwi mbutuhké beningé ati…"

Comments

Popular posts from this blog

Membuat Laptop/PC kaya JARVIS

Download Frozen (2013) BluRay 720p 800MB via ganool

Metered Connection di win 10